Site Loader

Kala lir gumati ,
tan krasa wus jumangkah ing wulan suci.
Sasi ramadhan kang tansah den anti anti,
Sarana kanggo mawas diri.
Nyadhong rridhaning Gusti,
Nggayuh pangapuraning Ilahi.
Dadya manungsa kang fitri.

Duh Gusti… nyuwun kawelasan.
Lubering rakhmat lan kasarasan.
Dateng kawula ingkang bade meper hawa…
Nindaaken pasa,
Nglampahi dhawuh paduka.

Dhuh Allah..ingkang Mahakawasa.
Mugi awit ridha paduka.
Wabah Corona enggal musna.
Satemah papan panembah paduka,
Regeng grengseng, sami ngumawula dedepe dumateng Allah,
Kanthi manah kang jejem kalis ing sambikala.
Aamiin….

Oleh : Amrih Rahayu, Guru MI Muhammadiyah Bolon, Kartasura,

19 Maret 2021

Bagikan Kepada Teman

Post Author: Humas Pokjawasmad

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Top Download